AMIT-AMIT
Amit-amit sedulur kang padha nyakseni
Kita kabeh njaluk maklume lahir-batin
Gendhingan iki gendhing asli Banyuwangi
Belambangan tanah Jawa pucuk wetan
Amit-amit kita njaluk dititeni
Kadhung luput agung-alit sepurane
Njaluk tulung kekurangane apikena
Wong kang nganggit kepinterane durung sempurna
Amit-amit kumandhange nyundhula langit
Sumebera nyerambahi Nusantara
Ayo dulur padha guyuba nong budaya
Urun-urun njunjung derajate bangsa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar