ITHUK
Sega ithuk mangane dicawuk
Segane gemet ithuke dirujed
Aju dibuwang sedalan-dalan
Pating selengkrah ring pelataran
Rujed ya rujed
Aran semat magih temancep
Nana kang ibuk
Kabeh padha dilad-dilad deriji
Ana thulik gembar-gembor
Sikile kesundep semat
Ya semate ithuk kang dirujed
Berake lare sing karuwan suwarane
Nyeluk emak sing wani mara
Nyeluk apak ya sing ana teka
Anang merguyuh arep nyancak nggayuh
"Thulik ... ithuk iki sapa kang mbuwang
Segane dibadhog semate sing dicoplok
Pungkasane sira kang nemu lara
Iki cindhe sutera usapana iluh sira!"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar